Menyang kontèn

Antraks

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Anthrax
Klasifikasi lan bahan-bahan èksternal
Foto Mikro Pewarnaan Gram bakteri Bacillus anthracis sing menyebabkan anthrax.
ICD-10 A22minor
ICD-9 022
OMIM [1] 606410 608041
DiseasesDB 1203
MedlinePlus 001325
eMedicine med/148 
MeSH D000881

Antraks utawa anthrax iku lelara nular akut lan mbebayani sing disebabaké baktèri Bacillus anthracis sajeroning wangun sing paling ganas.[1] Antraks tegesé "batubara" sajeroning basa Yunani, lan istilah iki dipigunakaké amarga kulit para kurban bakal owah daadi ireng.[2] Antraks paling kerep nyerang hèrbivor-hèrbivor alasan lan sing wis opènan.[1] Lelara iki asifat zoonosis sing tegesé bisa ditularaké saka kéwan menyang manungsa, nanging ora bisa ditularaké antar manungsa.[1]

Faktor virulènsi

[besut | besut sumber]

Faktor virulènsi saka lelara iki disebabaké déning B. anthracis sing asalé saka kapsul lan toksin.[3] Kapsul saka B. anthracis dumadi saka poly D-glutamic acid sing ora mbebayani (non toksik) tumrap diriné dhéwé.[3] Kapsul iki diasilaké déning plasmid pX02 lan duwé fungsi kanggo nglindhungi sèl saka fagositosis lan lisis.[3] Toksin sing diasilaké déning B. anthracis asal saka plasmid pX01 sing duwé AB modhèl (activating lan binding). Toksin saka B. anthracis dumadi saka telung jinis, ya iku protective antigen (PA) sing asal saka kapsul poly D-glutamic acid, edema factor (EF), lan lethal factor (LF).[3] Katelu toksin iki ora duwé sipat racun kanthi individual, nanging bisa asipat toksik malahan mbebayani banget (‘’lethal’’) yèn ana loro utawa luwih. Toksin PA lan LF bakal ngakibataké aktivitas sing letal, EF lan PA bakal ngakibataké lelara edema (jeneng liya saka lelara anthrax), toksin EF lan LF bakal silih ngrèprèsi (inaktif), déné yèn ana katelu toksin mau (PA, LF, lan EF), bakal ngakibataké edema, nekrosis lan pungkasané ngakibataké pepati (letal).[3]

Yèn spora anthrax lumebu menyang awak lan sabanjuré kasebar ing peredaran getih, bakal kacipta sawijining mekanisme pertahanan saka sel getih putih, nanging sipaté mung sauntara.[4] Sawisé spora saka pembuluh getih kaakumulasi sajeroning sistem limpa, infeksi bakal diwiwiti.[4] Racun saka toksin sing diasilaké déning sel vegetatif mau bakal ngakibataké pendarahan internal (internal bleeding) saéngga ngakibataké karusakan ing sawatara jaringan malah organ utama. Yèn racun saka toksin mau wis sumebar, antibiotik apa waé ora bakal migunani manèh.[4][5]

Panularan

[besut | besut sumber]

Manungsa bisa kainfeksi yèn kontak karo kéwan sing kena anthrax, bisa liwat daging, balung, kulit, utawa kotoran.[1] Sanadyan mangkono, nganti saiki durung ana kasus manungsa katularan liwat sénggolan utawa kontak karo wong sing ngidhap antraks.[2]

Infèksi antraks arang kedadéyané nanging ora padha tumrap hèrbivor-hèrbivor kaya kéwan ingon, kambing, unta, lan antelop.[6] Antraks bisa tinemu ing saindhenging donya.[6] Lelara iki luwih umum kadadéan ing nagara-nagara tumuwuh utawa nagara-nagara tanpa program kaséhatan umum kanggo lelara-lelara kéwan.[6] Sawetara tlatah ing donya kaya (Amérika Kidul lan Tengah, Éropah Kidul lan Wétan, Asia, Afrika, Karibia lan Timur Tengah) nglapuraké kadadéan antraks sing luwih akèh marang kéwan-kéwan tinimbang marang manungsa.[6]

Jinis-jinis

[besut | besut sumber]

Ana 4 jinis antraks ya iku[7]:

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b c d Todar K. 2005. Bacillus anthracis and anthrax. [terhubung berkala]. http://www.textbookofbacteriology.net/Anthrax.html Archived 2023-10-10 at the Wayback Machine. [31 Mèi 2008].
  2. a b Blanc HW. 1890. Anthrax: the disease of the Egyptian plagues. J New Orleans Med Surg 18: 1–25.
  3. a b c d e Dixon TC, Meselson M, Guillemin J, Hanna PC. 1999. Anthrax. N Engl J Med. 341(11):815-26
  4. a b c Madigan MT, Martinko JM. 2006. Brock Biology of Microorganisms 11th ed. New Jersey: Pearson Education. Hal. 203-207.
  5. Barnes JM. 1947. Penicillin and B. anthracis. J Path Bacteriol 194: 113.
  6. a b c d Dragon DC, Elkin BT, Nishi JS, Ellsworth TR. 1999. A review of anthrax in Canada and implications for research on the disease in northern bison. J Appl Microbiol 87 (2): 208.
  7. [MedicineNet].2010. Anthrax. [terhubung berkala] http://www.medicinenet.com/anthrax/article.htm [13 Mèi 2010].

Pranala njaba

[besut | besut sumber]